Cari Blog Ini

Rabu, 05 Oktober 2011

lonthe....ARAB




kabeh mbleset ora dadi kasunyatan
omah-omah sesasi wes njalok pegatan
ora guno janji setyo naliko eng slametan
ora bakal pisah nek durong dadi sholatan


opo gunane jeneng diuker eng jembatan
ono tengah kampong sak elore prapatan
ora cukop bondho donyo sliramu blingsatan
koyo iwak eng kolam kang kesatan

jebol tresnamu koyo katok bahan kurang
ora patot disandeng mergo gawe wirang
bebasan banyu eng mongso ketigo langsong ilang
agawe susah panguripan donyo alang-alang

umpomo aku ngerti jroneng atimu
ora bakal sliramu sumare eng eng atiku
umpomo aku weroh sak jroneng pikermu
ora bakal sliramu dadi gumantileng bathenku

wes tak cukupi semene lelakonku
miker sliramu kang gawe wirang keluargaku
minggato seng adoh,ojo sampek petok raimu
dasar bocah ora genah meng ngrusak jiwo ragaku

iki kabeh kanggo pepeleng sopo wae
bocajh wedok mek lames eng lambe
adol awak meng trimo cukop sandang pangane
bebasan iseh mulyo wong kang dadi lonthe

lonthe adol awak mergo kepepet kahanan
iseh pantes tinimbang sliramu ngungkului setan
adol awaki emoh susah adoh kesenengan
wes siapo manggon eng neroko jahanan


   by zhoel kecu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar