diajeng................................
kang dadi kembang jroneng atiku
kang dadi angen jroneng bathenku
diajeng.........................................
ojo nganti dadi was was eng atimu
tresno lan setyo tuhuku............
among tak simpen kanggo sliramu
diajeng........................................
yen wayah pinuju wengi
sawangen langit kang padang gumbebyar
lintang rembulan podo gegandengan
ngisyaratke tresnomu lan tresnaku
diajeng...........................................
leganono panyuwonku siji iki
jogonen tresnaku ono jroneng atiku
cekelen sumpah setyo tuhuku.............
by ZHOEL KECU
Tidak ada komentar:
Posting Komentar